PERPISAHAN

Nalika aku kerungu
Angka pitulas kaucap
Ora sadar
Ati rasa deg-degan
Rasa suka gineser duka

Bebarengan telung purnama
Kahias esem lan gujengan
Kritik lan saran
Kaprungu kanthi akrab
Ing padinan
Nuwuhake
Rasa paseduluran
Antarane praktikan lan SMP 2
Saknalika sirna
Tanpa tilas
Kajaba sepi ing manah

Sedelok maneh
Ora bisa krungu ngguyumu
Ora bisa kudeleng esem lan alemanmu
Saha tingkah lakumu sing lucu
Kanthi awak gemeteran
Lan tumetesing keringet
Saha pakocapan kang sendhet
Ana ing sakngarepe siswa
Nalika sepisanan mulang

Ben kabeh mau
Minangka pengalaman
Sing ora bisa dilalekake
Sak lawase

Perpisahan ora dadi pangarep-arep
Nanging kasunyatan kang kudu ditampa kanthi lilo
Tan biso tinolak
Minangka pungkasaning patemon

Ben kabeh mau
Mlaku binareng wektu
Sapa ngerti
Liya wektu
Bisa ketemu
Kanggo ngilangke kangen
Kaliwungu, 12 Desember 2009

Djamal Abdul Nasir
Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar