TOPENG

Topeng
Kawentar sumebar
Sakparan-paran
Saka dhusun cilik
Tumekaning kutha gedhe
Saka pasar sumrambah
Ing gedhung-gedhung
Panggonane wong-wong terhormat
Sing suk mikirake rakyat
Wiwit wong cilik
Nganti wong gedhe
Ora isa uwal saka topeng

Topeng
Dienggo kanggo nutupi wajah bopeng
Amrih ora jijik yen sinawang
Malah kepara endah

Maneka warna
Jinising topeng
Topeng politik
Topeng sosial
Topeng dermawan
Topeng pejuang
Topeng pahlawan
Topeng keadilan
Topeng HAM
Topeng agama
Topeng bopeng yen dienggo tambah bopeng

Topeng oh topeng
Tambah lengket
Tumraping wajah bopeng

Kaliwungu, 12 Maret 2010


Djamal Abdul Nasir
Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar