TRADISI MAULUDAN ING KALIWUNGU

Ing kutha Kecamatan Kaliwungu Kabupaten Kendal ana sawijining tradisi sing wis mlaku turun-tumurun wiwit biyen kuna makuna nganti saiki isih terus dilaksanakake. Yaiku tradisi wewehan ing wulan Maulud utawa luwih kondhang kaaran tradisi Mauludan ing bebrayan agung.
Kapan persise mulaine ana tradisi wewehan ing wulan Maulud utawa Mauludan, lan sapa sing mulai nganakake tradisi Mauludan mau,nganti saiki durung anasing ngerti.Yen kepengin ngerti mula wigati banget anane paniliten sejarah asal usul anane tradisi Mauludan kasebut,asile paniliten ditulis awujud buku.
Wewehan dilakasanakake saben malem tanggal 12 Maulud minangka pengetan laire Nabi Muhammad SAW. Uga ana sing nglaksanakae wayah sore kira-kira tabuh kaping lima.
Dene barang utawa jajanan sing digawe wewehan yaiku umume jajanan tradisionil khas Kaliwungu kaya ta sumpil, klepon, jongkong lan liya-liyane.
Kajaba kuwi saben rong taun pisan dianakake lomba berzanji, rebana, maca puisi, busana muslim. Pelakasanaane di pusatake ana ing alun-alun Masjid Al Muttaqin Kaliwungu,kang diarani pekan Maulud Minangka pambuka dianakake karnaval keliling kutha.
Kabeh mau dianakake kanthi tujuan kajaba mengeti laire Nabi Muhammad SAW, uga kanggo ningkatake kreatifitas para mudha taruna lan nuwuhake rasa welas asih.

Kaliwungu 26 Februari 2010

Djamal Abdul Nasir
Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar