GEBYAR WEWEHAN SMPN 2 KALIWUNGU

Taun iki SMPN 2 Kaliwungu anggone mengeti Maulud Nabi Muhamad SAW rada beda ketimbang taun-taun kepungkur. Menawa taun-taun sing wis kliwat anggone mengeti namung awujud pengajian (ceramah) agama . Nanging saiki taun 1431 H luwih rame, kajaba pengajian (ceramah) agama kaya adate pengetan Maulud sing wis kelakon ana ing SMPN 2 Kaliwungu, amarga ditambah lomba wewehan.
Lomba wewehan sing sepisanan dianakake dening SMPN 2 Kaliwungu dipeloni 14 kelas : kelas 7 enem kelas, kelas 7A nganti 7E. Kelas 8 patang kelas, kelas 8A nganti 8D. Kelas 9 patang kelas, kelas 9A nganti 9D.
Wondene pelaksanaane dimulai dina Kamis tanggal 25 Pebruari 2010,kanthi acara lomba wewehan. Jinising jajanan sing kanggo wewehan maneka warna. Mulai sak sumpil, klepon, jongkong, srawut lan liya-liyane. Kabeh mau isih kelebu jajanan tradisional.
Sakdurunge diwenehake yuri (tim penilai), jajanan sing wis mateng diwadhahi ing piring utawa cowek ditata lan dihias nganti apik, yen wis dadi banjur diwenehake yuri supaya dibiji.
Asile saka mbiji dening tim yuri diumumake marang peserta, minangka juara 1 kelas 7A , 2 kelas 7F, 3 kelas 7C.
Tujuane dianakake wewehan ora mung nggolek juara. Nanging ana sing luwih wigati ketimbang juara, yaiku kanggo ningkatake ketrampilan memasak. Sahingga tembe mburine ana manfaate kanggo bekal siswa yen wis lulus sekolah. Kanthi bekal sing dinduweni mau, siswa dikarepake ora bakal kerepotan anggone nggolek panggesangan.
Kajaba kanggo ningkatake ketrampilan uga kanggo nanemake rasa seneng weweweh (peparing) marang pepadha, mligine marang wong-wong kang ora mampu sing mbutuhake bantuan. Kanthi wewehan dikarepake bisa dadi pakulinan gesang ing bebrayan agung.
Dene pengajiane dilaksanake dina Sabtu tanggal 27 Pebruari 2010 watara jam 10.00 WIB , diandharake dening ustad Abrori ngandarake bab keteladhanan Nabi Muhamad SAW sing ana gegayutan karo perilaku Rosulullah SAW.
Wis dadi kuwajiban kita kudu bisa nuladhani perilaku Rosulullah SAW, yen kepingin urip sing apik, bahagia ndonyo akhirat.

Kaliwungu, 2 Pebruari 2010



Djamal Abdul Nasir
Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar