KERAMEYAN SYAWALAN

Bubar Idul Fitri kira-kira let seminggu ing kutha Kaliwungu Kabupaten Kendal ana kerameyan sing diarani Syawalan. Ing Kaliwungu yen pas Idul Fitri malah ora pateka rame, biasa-biasa wae. Amarga anane namung anjang sana (silaturrahmi) utawa yen ing Kaliwungu luwih dikenal kanthi jeneng ujung.
Kenapa diarani ujung, mbok menawane wae asale saka tembung kunjung sing ateges teka utawa nekani. Dadi acara ujung-ujung yaiku nekani kanca-kanca utawa sedulur-sedulur saperlu silaturrahmi lan njaluk ngapura (maaf) mbok menawa suwine setaun sing kliwat ana salahe bisa dingapura, sahingga ing kasempatan Idul Fitri bisa suci maneh, kaya dene bayi sing entes lair ora nduwe dasa.
Mula ing Kaliwungu ramene ya yen pas Syawalan kuwi, kira-kira enem dina sabare Idul Fitri. Jane wigatining Syawalan yaiku acara khaul ( tanggap warsa ) sedaning para wali lan kyai sepuh ing Kaliwungu, saperlu ziarah ing makom ndongakake muga-muga sedaya salah lan dosanipun dipun ngapura, lan sedaya amal saenipun dipun tampi dening Allah SWT.
Kawitane sing ziarah ing makom mung wong Kaliwungu thok ( saja ), nanging saya suwe saya rame. Saiki sing ziarah ora mung saka Kaliwungu nanging saka njaba kutha ya akeh. Malah saka njaba Kabupaten lan Propinsi uga ana.
Saking akehe wong sing pada teka ing Kaliwungu saperlu ziarah, njalari tambah akehe wong sing pada mrema dolanan lan jajanan ana ing sadawane dalan sing diliwati wong-wong sing pada ziarah mau. Ora mung mrema dolanan lan jajanan ana uga sing mrema jasa tumpakan lan hiburan kayata ombak banyu, sepur mini, tong stand, mandi bola, dangdutan lan liya-liyane. Sahingga saiki Syawalan kaya dene pasar malem.
Mula saiki saben Syawal sing teka tambah akeh lan tujuane beda-beda ora mung nyuwiji arep ziarah ndongakake para wali lan kyai sing wis seda. Saiki akeh sing nyimpang adoh saka tujuan anane Syawalan yaiku ziarah. Ana sing teka cuma arep nonton kerameyan Syawalan ing Kaliwungu sing saiki wis dadi tradisi.


Kaliungu, 27 Februari 2010


Djamal Abdul Nasir
Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar