KRUPUK USEK

Nalika krungu krupuk usek.sakala pikirane tumuju ana ing kutha Kaliwungu Kabupaten Kendal. Wewengkone mapan ana ing sawetane kutha Kendal lan sakulone kutha Semarang. Dadi ana tengahing antarane kutha Kendal lan kutha Semarang.
Pikirane tumuju ana ing kutha Kaliwungu, amarga krupuk usek pusere ana ing kutha Kaliwungu. Krupuk usek minangka home industri kanggone masyarakat Kaliwungu, kanggone saperangan masyarakat Kaliwungu mroduksi krupuk usek minangka sumber kauripan kang baku.
Mroduksi krupuk usek kajaba kanggo sumber kauripan, uga bisa nyedhot tenaga kerja masyarakat Kaliwungu.Sahingga ngurangi pengangguran, sudane pengngguran berarti sudane kejahatan.
Kenapa diarani krupuk usek. Jane mono krupuk biasa bedane carane nggoreng. Krupuk biasa digoreng nganggo lenga, krupuk usek digoreng nganggo wedhi (pasir).
Carane nggawe dicepakake wedhi sakcukupe, terus wedhi dikumbah nganti resik, sakbanjure dipepe ngnati garing. Yen wis garing terus dilebokakae ing wajan, terus ditumpangake ana ing kompor utawa keren. Ditunggu saantara udakara 10 nganti 15 menit
gumantung sithik akehe wedhi. Yen wis panas, krupuk sing wis dipepe nganti garing dicemplungake ing njero wedhi mau banjur diusek-usek (diadhuk) nganti rata lan mateng banjur dientas, mula diarani krupuk usek. Mengkono kuwi carane gawe krupuk usek.
Wondene pusate produksi krupuk usek ing Kaliwungu ana ing :
- Kampung Sekopek desa Sarirejo.
- Kampung Sarean desa Krajankulon.
- Kampung Jagalan desa Kutoharjo.
Krupuk usek yen dikemas kanthi apik diwenehi merk (Cap), ora mung diwadhahi plasti gedhe-gedhe, bisa dadi jajanan oleh-oleh khas Kabupaten Kendal sing asale saka Kaliwungu.

Kaliwungu 28 Februari 2010



Djamal Abdul Nasir











Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar