DIKIRA MALING

Nalika iku pas mbeneri padhang mbulan. Ing salah sujine kampung kang diarani kampung Rimbun Sari. Kaya biasane saben padhang mbulan kampung Rimbun Sari rame banget.
Kampung Rimbun Sari kalebu kampung sing pendhudhuke paling akeh, mula paling rame dhewe sadhusun tinandhing kampung-kampung liyane.
Wis dadi pakulinan warga kampung Rimbun Sari yen pas wayah padhang mbulan grengsenge karameyan wis mulai krasa awit sore. Bocah-bocah wis mulai kusak-kusuk rana-rene nggolek kanca sing arep diajak dolanan mengko bengi.
Ora mung bocah-bocah nanging uga wong tuwane bubar shalat isya’ padha metu lelungguhan ana ing tritisan omah, ana sing ning jagan utawa gardhu. Karo ngobrol sinambi nyawang kaendahaning mbulan sing anane sasi pisan yen langite ora mendhung.
Mbengi kuwi ramene ora karuwan amarga dinane malem Minggu ngesuke sekolahe prei ora mlebu. Bocah wadon dolanane kumpul karo bocah wadon, bocah lanang karo bocah lanang.
Biasane bocah wadon dolanane masak-masakan, cublak-cublak suweng lan jamuran. Kanggone bocah lanang sing paling disenengi jithung umpet.
Handoko, Puguh, Esthi lan kanca-kancane dolanan jithung umpet. Sakdurunge dimulai hompimpah dhisik. Mbengi iku Puguh sial kalah hompimpahe mula tiba sing dadi lan kudu nggoleki sing mumpet.
Mbengi iki Handoko, Esthi lan kanca-kancane sengaja arep ngelut Puguh. Mula umpet-umpetane nganti adoh tekan njaba kampung. Puguh nutupi mripate karo ngetung siji nganti sepuluh, rampung ngetung nganti sepuluh, Puguh langsung mlayu nggoleki bocah sing padha umpetan.
Puguh nggoleki ning panggonan sing biasane kanggo umpetan nanging nganti wengi ora ketemu. Nggon kebon-kebon sing ana ing kampung kono ya ora ketemu.
Dasar Puguh bocahe nglenyer, sawise nggoleki tekan ngendi-endi ora ketemu, keselen tur ngantuk sisan, mula langsung bali. Saka njaba padhang mlebu njero omah peteng jalaran lampune remeng-remeng. Weruh ireng-ireng kaya dene wong ndhekem ning pojokan, Puguh mlaku alon-alon njupuk penthung terus marani sing ning pojok, menthung karo nggembor “maling-maling!”.
Wong-wong sing krungu padha marani kabeh ana sing nggawa penthung, pedhang, wesi dawa, bendho lan obor mlebu ing omahe Puguh. Tekan njero dipadhangi obor jebule sing dikira maling kuwi genthong mula pecah banyune mili mblabar-mblabar.

Kaliwungu, 15 Juni 2010


Djamal Abdul Nasir
Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar