GEDHUNG WAKIL RAKYAT PUSAT GEGER

Ing njero gedhung Wakil Rakyat pusat suwasanane lagi tegang jalaran lagi ngrembuk babagan Dhuwit Pembangunan Dhaerah Wakil Rakyat, sing diusulake saka salah sijine kelompok Wakil Rakyat.
Anane usulan Dhuwit Pembangunan Dhaerah Wakil Rakyat (DPDWR) sing diusulake sala salah sijine kelompok Wakil Rakyat, nuwuhake maneka warna panemu. Ana sing sarujuk lan ndhukung kanthi tenanan amarga anane Dhuwit Pembangunan Dhaerah Wakil Rakyat sing cacahe nganti milyaran saben taune bisa nyepetake lakune pembangunan ning dhaerah sing adoh saka pusat pamerintahan. Wondene sing ora sarujuk kuwatir Dhuwit Pembangunan Dhaerah Wakil Rakyat sing cacahe nganti milyaran saben taune bisa disalah gunakake dening wakil rakyat kanggo kepentingane dhewe kayata kanggo kampanye narik simpati rakyat lan liya-liyane.
Lagi tegang-tegange ngrembuk Dhuwit Pembangunan Dhaerah Wakil Rakyat, para Wakil Rakyat dikagetake melebune sekelompok wong nganggo seragam diterake penjaga kemanan ning ruang sidang gedhung Wakil Rakyat Pusat.
Melebune sekelompok wong nganggo seragam sakala gawe gegere gedhung Wakil Rakyat Pusat. Ana sing usul supaya wong-wong mau ditokake saka gedhung, amarga bisa ndadekake lakune rembukan ora lancar. Ana maneh sing nduwe panemu ning njero ora apa-apa asal ora ngganggu. Ana uga sing usul supaya ditakoni dhisik perlune apa melebu ning njero gedhung Wakil Rakyat Pusat.
Saperangan wakil rakyat sing ditunjuk kon nemoni langsung marani wong-wong mau banjur nakoni apa perlune melebu ning njero gedhung Wakil Rakyat Pusat sing lagi nganakake rembukan bab Dhuwit Pembangunan Dhaerah Wakil Rakyat.
Wong-wong mau banjur ngandhakake saperlu arep nyatakake sikap marang Wakil Rakyat sing dipilih dheweke. Wusanane wong-wong mau diijinake nyatakake sikap sing diucapake bareng-bareng “Mulai dina iki, aku nyatakake gaji bulanan sing daktampa supaya diandhekake, sabanjure supaya diwanehake marang wakil rakyat sing dakpilih kanggo nambahi penghasilane saben wulane”.
Rampung nyatakake sikap wong-wong mau terus metu saka gedhung, sawetara wakil-wakil rakyat sing ning njero ndhingkluk kisinan rumangsa disindir karo wong-wong mau.



Kaliwungu, 17 Juni 2010


Djamal Abdul Nasir
Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar