KAPUSAN

Seminggu sadurunge ulangan basa Jawa, Pak guru basa Jawa wis ngumumake ning saben kelas menawa minggu ngarep arep dianakake ulangan basa Jawa., mula bocah-bocah kudu sinau supaya bisa entuk biji sing apik.
Dina Senen minggu kapindho wulan September sing ulangan nomer siji kelas 8C. Sadurunge ulangan dimulai, pak guru basa Jawa nandhesake maneh marang murid-murid “Bocah-bocah wis sinau apa durung?” “Sampun”, jawabane mantep lan kompak. “Berarti wis siyap ulangan?” “Siyap Pak”, jawabane murid-murid.
Yen ngono saiki tokake kertas lembaran tulis nama, nomer absen, tanggal banjur buku catetan, buku tugas lan LKS dikumpulake dokok ngarep.
“Wis rampung kabeh?” “Sampun Pak, soale pinten?”. “Sepuluh pilihan gandha, tulis soal karo jawabane, tinggal ngeping jawaban sing koanggep bener.” Jawabe pak guru.
Tulung sekretaris tulisake soale, ayo, liyane nulise sing cepet aja padha guyon wektune rong jam pelajaran karo nyocokake sisan dadi ora usah ngasuh, ngasuhe bar nyocokake.
Pas tet ngasuh ngerjakene ulangan wis rampung, lembar jawaban dikumpulake manut urutane bangku, terus ditukar, urutan bangku paling kiwa ditukar karo urutan bangku nomer loro saka tengen, urutan bangku nomer loro saka kiwa ditukar karo urutan bangku paling tengen.
Rampung nukarake lembar jawaban, terus nyocokake kanthi cara nulisake aksarane a, b, c utawa d sing dianggep bener.
Kelas 8 liyane sing padha ngasuh weruh kelas 8C sing lagi nyocokake ulangan banteran njupuk kertas, terus nyatheti jawabane tanpa usaha kepengin ngerti soale.
Mirsani bocah-bocah sing padha nyatheti kunci jawabane saka njaba, pak guru basa Jawa mung mesem karo gemremeng lirih ngesuk urutane nomer soal dak owahi ben padha kecelik.
Sesuke dina Selasa giliran kelas 8A sing ulangan. Nalika pak guru melebu kelas murid-murid langsung njaluk ulangan. “ Pak ulangan, pak ulangan pak.” “Apa kowe wis siyap, wis sinau;” “sampun Pak” karo ngguya-ngguyu seneng amarga wis nduwe kunci jawabane saka nyathet ning kelas 8C sing lagi nyocokake ulangan.
Rampung ndonga, LKS, buku tugas lan cathetan dikumpulake ning ngarep terus nyiapke kertas ulangan.
“ Soale karo jawabane kotulis kabeh, kowe tinggal ngeping jawaban a, b, c utawa d sing koanggep paling bener. “Perintahe pak guru”.
Ulangan rampung dikerjakake, terus dicocokake, nalika dicocokake pak guru nulis jawabane no :1.b, 2.a, 3d “ya bener, asyik-asyik terus pak.” Kaanane rame. Ngancik no.4 nganti 10 suwasanane beda maleh anteng, lan ketok padha bingung. “Lho kok beda karo wingi jawabane.” Ana sing wis ora kuat ngempet langsung takon :Pak, jawabanipun kok benten kaliyan kala wingi kelas 8C”. “Ora soale tetep padha karo kelas 8C Cuma urutane nomer sing dak owahi. Mulane yen sekolah kudu sinau terus mligine yen arep ulangan. Buktine sing sregep sinau bijine ya apik. Contone : Mila, Ani, Mawar, Anggara lan Udin bijine 9”, Jawabe pak guru. Murid-murid langsung njawab “Wuuuuuu awake dhewe kapusan”.

Kaliwungu, 20 Juni 2010


Djamal Abdul Nasir
Share on Google Plus

About Blog'e Mbah Djamal

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 Comments:

Posting Komentar